Selasa, 12 Oktober 2021

wejangan martabat alam pitu

Bab : XIII

1. WEJANGAN  MERTOBAT  PITU

Yaiku :  AkadiyatWahkedatWakidiyatArwahAjisaniImanInsan Kamil.

Akadiyat nglairake  : Segara Napsi,  banjur diarani : Wallahu lan nglairake Dat,

yaiku :

          a. Dat Mutlak                  tegese          : Padhang luwih dening padhang

          b. Dat Salikin                  tegese          : Suci dening suci 

          c. Dat Subekki                tegese          : Peteng luwih dening peteng   

          d. Dat Subunbun             tegese           : Jurang luwih dening jurang

          e. Dat Kadim                  tegese           : kang dhingin (dhisik)

          f. Dat Asma                    tegese           : ana dalem (njero) dheweke

          g. Dat Wajibul Wujud     tegese          :  mesti anane

Lan maneh Akadiyat iku kinarya pitung perkara, kang dhingin :

  1. Gaibul Guyub   tegese          : Gaib
  2. Gaibul Uwiyah  tegese          : Aku
  3. Johar Akhir, iku marang Segara Rakhman, utawa Gaibe Nukat Gaib, yaiku : Segarane Urip.

Kang aran Allah Mutlak, yaiku Pangeran Sanyata, tegese Allah kang Khak, iku Pangeran kang satemene utawi Akadiyat Sarpat, iku hakekate Johar Awal.

Nupus ping pindhone.

Akat Duriyat, iku hakekate wujude Allah, tegese : Roh akal kalam Nur ping telune.

Akat Diyah Huluiyah iku hakekate Dat Mutlak, iku Iman Tokid Ma’rifat Islam kaping pate.

Akat Diyah Jamil tegese : Bumi, Geni, Angin lan Banyu ping limane.

Akat Diyah Pasir, tegese : Hakekate Roh Mohammad, tegese : Cipta, Reka, Budi, Rasa. Yaiku ing aran Rohilafi, iku Roh kang badan.

Allah Rohilafi iku manggon ana Ati Puat.

Laire Rohilafi iku dadi padhange tingal, kehe patang perkara :

  1. Tingal Saleh      tegese : Tingal Roh, yaiku tingal …………….
  2. Tingal Sidik      tegese : Tingal Suksma, tingan batin
  3. Tingal Ma’rifat tegese : Tingal Ati kang suci.
  4. Rukiyat             tegese : tingale Mata kang lair.
  5. Wite tingal iku ana patang perkara :
    1. Wujud     tegese : weruh uripe
    2. Salin       tegese : weruh wekasane pati
    3. Islam       tegese : suci
    4. Rasa        tegese : Roh kang sampurna.

Akat Diyat iku kanyatane Gaib, utawa jejuluk Nukat Gaib. Iku Roh Nekslin, tegese Urip ing dalem duweke, iku ana akekate : Mohammad.

  1. Mohammadiyah iku kang karem bangsa Dat.
  2. Mohammad kang satemene iku kang karem bangsa Sipat, iku hakekate Jisim.

Adam Mukadis tegese : Adam bangsa Rohman, yaiku hakekate Sentaras karana pangandikane Allah Ta’ Allah wahanane : Banyu Kayat Mohammad Abu Roh Adam.

Abu Roh Lahir, tegese : Allah iku babone sakehone mukkak banjur ing aran KUNnadyan muk piyan tegese iku Gedhong kang luwih samar, yaiku minangka pesanatane Datollah utawa wawunya wah kedat. Iku minangka pesanatane Nukat Gaib. Mangka Neptu iku asal saka Wawu, mula banjur aran Alkamdu Lil Tapira, yaiku kang nuturi sakehing Dat anane awak-awakan wawu. Iku banjur dadi Re, iku Roh jumeneng Nurollah utawa Wah Kedad iku lair saka Sagara Ngam. Mula ing aran Nabi, Wali nuli nglairake Rasa pitung prakara, kang dhingin :

1. Birahi,  2. Mosik,  3. Wasuh,  4. Jamal,  5. Sipat Jamal,  6. Sipat Kahar,  7. Sipat Kamal.

Mosik iku mengku patang prakara  :

  1. Ngelmu,  iku tetep ing dalem tekade.
  2. Ngelmu Ngaliman, tegese : weruh ing dalen atine.
  3. Makluk, tegese : weruh-weruhan ing dalem wujude.
  4. Maklum, kang kawruhan dalem Sipat.

Sejatine Mosik iku nglairake sakabehing Ayat kabeh, yaiku : kerana satuhune Kalam Napsi iku Kalamolah. Yaiku Kalam Datollah, yaiku Ngibaratollah. Umpama ora jumeneng klawan tetep, meneng ing mosik wis mesti ora jumeneng pitung Bumi utawa Sipat Pitu sing iku kinarya laire Dat.

Mangka lamun ora jumeneng Sipat, wis mesti ora jumeneng wujud, karana pangandikane Nabi Panutan : Wa Anabu Amnu pidatihi Insan Ikrom : Satuhune tandhane Dat kelawan sipate manungsa kamin kang campur (sampurna).

  1. Utawa Sipat Jamal lakune patang perkara, kang dhingin :
    Anom, Tuwa, Ala lan Becik.
  2. Sipat Jalallahu, iku uga patang perkara. Kang dhingin :
    Ora, Ana, Lunga, Teka.
  3. Sipat Kamalluhu, iya patang perkara :
    Urip, Pati, Tangi, Turu.
  4. Sipat Khahar, uga patang perkara :
    Kuwat, Apes, Mosik, Meneng.

Sipat Papat iku mengku 8 perkara. Sipat 8 ing aran Sipat 20. Yaiku hakekate Rohilafi. Mangka iku wajib sakehing wong urip kudu ngawruhi anane sipat 20 iki.

Miturut Ngelmu kang satemene (Ngelmu Sanyata) sapa wong kang ken ora ngawruhi sipat 20, iku tetep batal Imane wong iku.

Wakidiyat iku Roh kang samar. Iku satemene Rukyat, tegese : Roh Suci.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar