Selasa, 12 Oktober 2021

kemu

gabah siji rapal.

Bab : XI

1

Lah iki methik wejangan Kanjeng Nabi Muhammad mejang Sayidina Ali kang kawisikake talingan kiwa supaya waskitha uripe, supaya lestari selawas-lawase ing ndonya awal akhire. Wiwit manungsa yen wis titi mangsane utawa pinasthi janji, manungsa bisa waskitha lan sampurna ing sangkan parane. Kamulyan kahanan jati ing jaman langgeng, yaiku kumpule kawula kelawan Gusti. Aja nganti nurut marang penasaran.

Mungguh kang dadi wewadi Ngelmu Ma’ripat yen miturut kiyasan saka Dalil Kadis pangandikane Kanjeng Nabi Mohammad sing diwejangake marang Sayidina Ali, kinen angestokake anane Dat, pangandikane Gusti kang Maha Suci, kaya ngisor iki :

Kang mejang kudu pratitis saka siji lan sijine wejangan, aja tumpang suh, supaya waskitha uripe kang sejati.

Sejatine ora ana apa-apa. Wiwit duk maksih awing-uwung durung ana sawiji-wiji, kang dhingin iku Ingsun. Ora ana Pangeran nanging Ingsun. Sajatining Dat jang Maha Suci anglimputi Sipa Ingsun. Anane Asma menggah ingkang pangandika sejatine Dat kang Maha Suci iku ya Gesang kita pribadi. Karana Ingsun tinitahake Adam, asal sak anasir patang perkara, yaiku : Bumi, Geni, Angin, Banyu. Yaiku kang dadi kawujudan sipatingsun. Ing kono Ingsun dipanjingi mudah limang perkara : Roh, Nur, Rasa, Napsu lan Budi. Yaiku minangka dadi warananing wajah Ingsun kang agama Suci.

2SAHADAT  PANETEP  PANATA  GAMA

Bismillahi Rohmanir Rohiem.

Niat Ingsun angawruhi sahadat panetep panata gama kang jumeneng Rohilafi kang ana telenge ati kang dadi Pancering Urip, kang dadi lajering Allah. Wangunane Muhammad, yaiku sejatine manungsa kang sampurna. Becik ndonya becik akhirat, slamet ndonya slamet akhirat. Nuk dinulu aup-aupane Allah, Mohammad Rasullolah.

3ADUS  BATIN

Banyuku saking Datollah, badanku Kencana Mulya, banyu sarining cahya. Nur Mohammad mancur cahyaning ngedhat ngelebi padhange jagad. Suci badanku sinampurna.

4

Rohilafi rupaku. Rupaku rupa sejati, tegese Rohilafi padhang. Padhang tan ana wengine. Urip tan ana patine. Ana rupa dudu rupa, Rohilafi sejatine kang mengkoni Ka’ Bat Usik.

5

Bismillahi Rohmanir Rohiem.

Niat Ingsun adus. Adus banyu Sirollah. Semuning jagad, semuning bumi, uruping cahya, semuning Allah. Ya aku Allah Hu’ Akbar.

6

Bismillahi Rohmanir Rokhiem.

Wijiling suksma Dat Wasesa, Sukma Sejati rupane kang Gaib. Kang Maha Suci Naptu Gaib sampurnaning Suci. (Islam) kang sampurna Lilahi, Allah Hu’ Akbar.

7SALAT  DAIM

Bismillahi Rohmanir Rohiem.

Niat Ingsun salat daim kanggo salawase urip. Adegku yaiku Urip IngsunRukukku yaiku Paningal IngsunSujudku yaiku Pangambu IngsunSididalku yaiku Pangrunguingsun. Pamacane ayatku yaiku PangucapingsunSalamku yaiku Ma’rifatingsunDikirku yaiku AwasingsunKeblatku yaiku madhep maring Angen-angen Ingsun, perlu nglakoni wajib Kodrat-Iradatingsun dhewe.

8ADUS  BATIN

KANGGO  NGAWRUHI  GAIB  SUKSMA  SEJATI

Nawa-etu wijiling Suksma, Dat wasesa Suksma Sejati anderul rupaning Nukat Gaib, kang suci Naptu Gaib, sampurnaning Suci, Pardan Lillahi Islam kang sampurna Illal lahi Allah Hu’ Akbar.

9

Angungsi cahya kang padhang, kang den ungsi Cahyaning Allah. Kang adus apaning kang awudu. Allah kewala sejatine duking samana Awang-Uwung. Jagad durung gumelar Amba pan wus ana.

10

Niat Ingsun adus karmas, angedusi Badan Ngalamollah, perlu kerana Allah. La Illaha Illolah Mohammad ya Rasullolah.

11

Bismillahi Rohmanir Rohiem.

Nuru Mulana Nur Mohammad Kulubihi Bi Kulubihiem, Kulu Balag berkah kuat. Nur Allah Mohammadur Rasullolah, Yahu’ Yahu’ Yahu’.

12

K U L H U

Kulhu Allah, Kulhu Idi Kuldi. Mandi mandi sabdaku saking kuwasaning Allah.

13

Bismillahi Rohmanir Rohiem.

Mrandolo, Labahu, Sai’an, Wallaha-Latop, Walpanak Panak.

14

Yen arep mangan wacakna donga iki, ngisor iki dongane :

Bismillahi Rohmanir Rohiem.

Si Bapa Nur Mani, rupane putih panggonane Wetan. Si Biyung Kekawa rupane abang panggonane Kulon. Kawula nyuwun barkah kuwat slamet ing ndonya tumekaning akhirat. Cukupa sandang pangan kula lan rahayua sak paran-paranku.

15A D U S

Bismillahi Rohmanir Rohiem.

Niat Ingsun adus banyu, banyuku saking Datolah, badanku Kencana Mulya. Banyu sarining cahya, Nur Mohammad mancur cahyaning ngendhat ngebegi padhange jagad. Suci badanku sinampurna, Rohilafi rupaku rupa sejati, tegese Rohilafi padhang padhang tan ana wengine. Urip tan ana pati, kang mengkoni Ka’ba Usik.

16

Bismillahi Rohmanir Rohiem. Rekelatas Limpanahum, Balija Baliju.

17

Bismillahi Rohmanir Rohiem.

Nawa-etu Usoli niat Ingsun salat sajrone Baitollah Ka’bah sesangkaning ati. Adage Iman, masjide Iman, mesu manjing suci ngalam Jisim Alus. Tetaline Mulya Sampurna Illahi Uha’. Adegku iya Cahyaningsun, sujudku iya banyuningsin, lungguhku iya buminingsun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar