Selasa, 12 Oktober 2021

ngelmu rasa sejati

megeng lan muna, manjing

sumurubing : sarengat, tarekat, hakekat lan Ma’ripat.

Bab : IX. NGELMU  RASA  SEJATI

GANDHENG  TERUSE  BAB : VIII  KANG WINIRID  SAHADAT

1

Ashadu tibaning Rasa, Illaha jatine Rasa, Illolah patemone Rasa. Iya rasa iya Rasaningsun Mohamad sejatining Rasa. Mohammad sejati sejatining Mohammad, iya jasading Urip, sampurnaning Tunggal Pancere Urip. Wujudollah kuwasa Wujud Tunggal kasandhingan Bawa Kasukirta, Urip tan kena Pati, iku sahiding Sahadat. Datingsun ora ana, nanging Ingsun kang ana.

2

Ingsun kang amangeran Mohammad kang ules nyawa ateken Iman Tokhid, lungguhing panarima ing Rasa Sejati. Alembut tan kena jinumput, agal tan kena sinaring. Ya Ingsun Mohammad, anane Gusti ya ana rasane Kawula. Ya Ingsun sipating Mohammad, Ingsun atine banyu Telaga Tauran, Urip tan kena Pati.

Banyu suci metu saka Nyawa, banyu murni metu saka Kodratollah. Ya kaya gumilir, cahya ngadeg tanpa pasa uripku.

3

Gusti kang wicaksana kang aran Roh Kudus, Janatun lungguhing Sahadat ing pratingkah tan kena owah gingsir Urip tan kena Pati.

4

Iki tata malige Kodis Muljo lungguhing sesotya : Gedhong Arum lungguhing ana GranaMasigit Kembang lungguhing Lak-lakanTelaga Wasa lungguhing ana IlatTelaga Rawud lungguhing ManikTrajumas lungguhing Bau Tengen lan KiwaBagembung lungguhing Dhadha. Tali Rasa lungguhing Gegantilanip, Ngati Rasa lungguhing Limpa. Susuhing Angin lungguhing PusuhMasigit Sula lungguhing Jejantung, Suwarga lelungguhing Wadhuk (Pepusuh). Kadislalah lungguhing Kamal, tegese sampurnaning Kahanan.

5

Pasucenan  Dewi  Lembat

Sang banyu sarira sesuci ana Ingsun, suci njaba suci njero. Sang Banyu Anom Badanku kari sampurna.

6

Amarolah, manikolah, Dat Suci Jinabati, Rohilapi, Suci Mohamad kasucenan dening Rasulolah. Aku turu lawan Sukma, Ingsun inggih cahya, cahya Jasad Ingsun, teteken Mohamad Nukad Adam Allohu’Illolah.

7

SERAWUNGAN

Cur-mancur, Cahyaning badan Ingsun. Sungsum balung rasane Pangeran, Kulit Wulu rasane Pangeran. Ya Ingsun Manungsa Titahe Gusti, Sejatining Manungsa sinembah badan alusing Gusti Allah, Mohammad Adam.

Sinduwang gurune Sambang, Manik Epok retune Sambang, Gurune Sambang. Sira dak kongkon lebanana Jagad dumadine Si ……….   Sundhul langit, Si ………. Wengkanen lambunge Si ……….………..  sing sisih kiwa, ngadeg ana tengahe Samudra………

Tidak ada komentar:

Posting Komentar