Selasa, 12 Oktober 2021

jenenge pasar pitu lan lima

Bab : XIX

Jenenge dina pitu lan pasaran lelima ing jaman purwane biyen ya iku nalika jaman kabudan, mengkono uga jenenge sasi ing jaman purwa.

Dina pitu :                                        Pasaran  lima  :

1. Dite                  =  Ahad                1. Pethekan                    =  Legi

2. Soma                =  Senen               2. Abritan                       =  Paing

3. Anggara            =  Selasa               3. Jenean                        =  Pon

4. Buda                 =  Rebo                 4. Cemengan                  =  Wage

5. Respati             =  Kemis               5. Kasih (Mancawarna)   =  Kliwon

6. Sukra                =  Jum’at

7. Tumpak            =  Sabtu

S a s i n e  :

  1. Mangrosa =  Sura                          
  2. Sitra  =  Sapar 
  3. Monggakala  =  Mulud  
  4. N a y a  =  Bakdamulud    
  5. Palguna  =  Jumadilawal 
  6. Wisaka =  Jumadilakir 
  7. J i t a = Rejeb
  8. Srawana = Ruwah
  9. Padrawana = P a s a
  10. Asuci = Syawal
  11. Kartika = S e l a
  12. P u s a = Besar

PANCA  WARA

Pancawara iku tegese laku limang prakara, mungguh yektine mangkene :

  1. Sahadad,  iku mangetia dununge.
  2. Sholat,  iku mangetia apa sing dilakoni.
  3. Jakat, iku supaya mulya saiki tumeka ing mbesuke.
  4. Pasa, supaya wening suci manahe sakiki lan mbesuke.
  5. Kaji, supaya bener tekade lan sampurna uripe saiki lan mbesuke.

SAHADAD  KALIMAH  KALIH

Ashadu Allah Illaha Illolah, wa ashadu anna Mohammad durrosulullah, iku maknane :

1. Anekseni Ingsun satuhune ora ana Pangeran, anging Ingsun. Lan anekseni Ingsun satuhune Mohammad iku utusan Ingsun (Allah).

Lailla haillolah Mohammad durrosullolah,  lan maknane :

2. Ashadu tibane rasa, Illolah Patemone rasa, Illaha jatine rasa iya sara iya rasul. Mohammad sejatine jasading urip, Wujudtollah kuwasa, wujud tunggal, urip tan kena pati. Ya Ingsun Dat ingkang Maha Suci.

Dumadine :

Ingsun kang aran Pangeran kang ules nyawa, teken iman taukhid kang lungguhing panarimaning rasa sejati. Lembut tan kena jinumput, agal tan kena sinaring. Ya Ingsun sipating Mohammad, Allah rosulollah, ya ingsun sipate Mohammad.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar