Selasa, 12 Oktober 2021

sajatining banyu

Bab : VI. SEJATINING  BANYU  MANING  DIARANI  HERU  BIYAH  YAIKU  KUMPULE  JALU (JALER)  LAN  ESTRI.

1

Heru Biyah ana patang perkara, yaiku : Wadi, Madi, Mani lan Manikem.

          a.  Wadi      :  iku Panggonane  Rasa

          b.  Madi      :  iku Dedagane  Rasa

          c.  Mani       :  iku Sejatine  Rasa

          d.  Manikem :  iku Campuhe Rasa, yaiku kumpul Kakung lan Wanita. Tumiba aneng Kramatollah pernahe ana tengahe Jisim kang dhingin cemlorot lir Lintang aneng Samodra. Cahya padhang sumorot kinarya wewayangan asihing Pangeran datan kena pegat. Sih-sinisihan, tumurun terus bisane ngandhut pasihane Pangeran.

2KERATA  BASA

Lungguh asale Bumi, dudu Bumi saka watu. Dudu Bumi Abang,Ireng,Putih. Yaiku Bumi nyata ya jasad. Sejatine iku Bumi Alus kang mengku Swarga lan Neraka.

          Ngadeg       : anyirnakake asale Brama (Sembahe Cahya)

          Rukuk         : anyirnakake asale Barat/Angin (Sembahe Napas)

          Sujud          : anyirnakake asale Banyu (Sembahe Roh)

          Lungguh     : anyirnakake asale Bumi (Sembahe Jisim)

Keterangan :

  1. Kang nyirnakake asale, supaya mulih ing kunane mbenjang yen wis pesti janji.
  2. Panyembah : tegese supaya pinaringan tetep kekuwatane sajrone Alam Padhang ing Ndonya iki.

3Geni  Bumi  Angin  Banyu

ASALE  :

  1. Geni iku dadi patang perkara : dadi Rupa, dadi Jantung, dadi Uteg, dadi Dat.
  2. Bumi iku dadi : Daging, Balung. Yaiku anane Sipat Kuwat : Dhadha, Gigir, Pupu, Kuping, Mripat, Tutuk, Sirah (Pitung Perkara)
  3. Banyu iku dadi patang perkara, yaiku : Getih, Sungsum, Otot, Kringet lan Ati (Panca Ndriya)
  4. Barat (Angin) iku ana patang perkara  : Napas, Nupus, Anapas, Tenapas.

Kabeh iku sampurnane ana tengah-tengahe Panembah.

4SAMPURNANING  ANGADEG

  1. Lugune witing Panembah, umpama tan kelakon ora sampurna adage, tegese : Geni iku dudu Geni kang bisa mati. Dudu Geni kang diurubake/gawean, dudu Geni Naraka, dudu Geni Mujijat. Yaiku Aksara Alip-Kamal, tegese Api kang ngurad tan kena pejah, yaiku Cahya sejatine kang padhang, diarani Sirollah.
  2. Rukuk iku asal saka Barat (Angin). Dudu Angin lesus utawa Angin Mujijat. Yaiku Angin Napas kang amuji rina-wengi. Pujine tanpa pegat, yen meneng rusak Jagade. Yaiku sing diarani Tetaline Urip, kehe ana patang perkara :

1. Napas,  2. Anapas,  3. Tenapas,  4. Nupus.

Yaiku : anane ketegira dhewe.

Mula den sira kawruhana lakune Napas, Anapas, Tenapas lan Nupus kaya ing ngisor iki.

Mungguh mlebu lan metune sarta tengerane siji lan sijine :

a. Napas               : mlebu metune ing Irung, rupane sorot Abang.

b. Anapas    : mlebu metune ing Kuping, warnane Ijo.

c. Tenapas   : mlebu metune ing Tutuk, warnane Putih.

d. Nupus               : mlebu metune ing Mripat, rupane Kuning.

Pujine :   Napas Yahu’, Tenapas Illalahu’, Anapas Imanahu’, Nupus Illahu’.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar