Anom Badanku kari sampurna. Amarolah, manikolah, Dat Suci Jinabati, Rohgilapi Suci Mohamad, Kasucenan dening Rasulolah. Pasrah Salira, Ingsun turu lawan Nyawa lan Sukma, Ingsun ya Nurcahya, cahyaning Jasad Ingsun, teteken Mohamad, ya aku rasaning Gusti, Urip tan kena Pati, Langgeng tan kena Owah Gingsir ing kahanan Jati,
Keterangan :
Sadurunge maca gelaring Jagad Dumadi sapiturute, kudu maca sesuci ing ndhuwur iki dhisik, supaya waskitha lan gangsar samubarange.
Bab : I. GUMELAR ANANING JAGAD DUMADI LAN JAGAD RAYA
1.
Sadurunge awang-uwung nguwung maksih durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin yaiku : Dating Gusti Kang Maha Kawasa. Yaiku kang mengkoni Nukat Gaib. Sebab saka Gaibing Gusti Kang Kawasa karsa anyebar wiji, Gusti Kang Maha Kawasa nyabda mujudake Siti-lempung. Siti kacipta dadi kaya dene Reca/Golekan sakembaran sing diarani (asma) : 1. Adam sepisan lan 2. Kawa sepisan. Nanging nalika iku durung gesang. Saka gaibing Gusti Kang Kuwasa, Adam lan Kawa disabda lan dianjingi kang asma Hyang Maha Gesang karo sing diarani Datolah lan Sipatolah lan sapepake piranti jenenge wong Urip. Sanalika iku Adam lan Kawa wis Gesang. Sing diarani Adam sing lanang, dene Kawa sing wadon. Sateruse gempilane Adam dicipta digelar mujudake Jagad Raya hanane Bumi lan Langit lan isen-isening Jagad. Dene gempilane Si Kawa, disabda mujudake Segara anane Banyu sak isen-isene banyu kabeh.
Sawise mangkono, wis wujud ana Jagad Gumelar lan sing diarani Bibite Manungsa wiwit saka Bapa adam lan Ibu Kawa, sebab saka kersa lan kuwasane Gusti Kang Maha suci.
2. Mula den sira kawruhana, Jagad Raya iku Baitane Jagad Dumadi.
Wasana Bapa Adam bisa dhaup karo Ibu Kawa, sateruse Bapa Adam lan Ibu Kawa bisa nurunake wiji salawas-lawase. Turun Adam lan Kawa tansaya ngrebda, nganti saiki bisa muna lan muni ngarani kita iki genah yen turuning Bapa Adam lan Ibu Kawa, Bibit Purwaning Dumadi, banjur bisa muni sakabehing sipate Manungsa ngakoni yen anak-putu canggah wareng udheg-udheg gantung siwur saka turune Bapa Adam lan Ibu Kawa nganti saprene.
3. Hananing pambudi marga saka dumadi. Banjur bisa timbul unen-unen sing diarani : Ilmu lan Ngelmu, dumunung ana ing Panca Ndriya.
Panca Ndriya iki kang bisa ngukir sakabehing Kabudayan. Mula duk ing uni (jaman kuna makunane) diarani Jaman Kabudan. Banjur dianakake Agama Buda. Lah Buda iku Budi sakwise Budi Kabudayan, pokok sakabehing kabudayan iku diatur dening Panca Ndriya.
Sejatining sing aran Agama iku, Busana, Kunci Sejati. Mula ing kene perlu kita aturake mungguh ananing dumadi banjur hanane Pangeran Sanyata. Banjur ana tembung a, i, u, tegese : Aku Iki Urip. Ananing Urip, ana sing nguripi, ananing Kawula sebab ananing Gusti, yen ora ana Gusti wis mesti ya ora ana Kawula.
Sawise mangkono banjur cukul Rasa-Pangrasa, bisa muna lan muni, terus diatur dening Panca-Ndriya.
Ananing Ilmu lan Ngelmu, Sir Kawula manages marang Gusti banjur ana wujud Makna, sing diarani Sidikara, Manekung lan Semedi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar