Selasa, 12 Oktober 2021

kemu

Bab : XII

1

Bangsane gaib iku ana papat, yaiku :

1.  Gaib,   2.  Nukat Gaib,   3.  Naptu Gaib,   4.  Wahyu Gaib.

Apa wong mati nganggo didusi lan liya-liyane?

  1. Didusi                        :  Manungsa asal saka Banyu
  2. Dibuntel                     :  Manungsa asal saka Wadhag
  3. Tali telu                      :  Manungsa saka telung perkara. (Allah, Mohammad, Adam)
  4. Disembayangi             :  Manungsa asal saka Angin.
  5. Dipendhem                 :  Manungsa asal saka Bumi
  6. Diwacakake Telkim     :  Anuduhake marga kang bener
  7. Diwacakake Qur’an    :  Manungsa asal saka panutane Iman Tokid, Ma’ripat Islam.
  8. Disurake tanah            :  Manungsa asal saka Adam
  9. Dipitung dinani          :  Manungsa asal saka Rahsa.
  10. Dipatangpuluh dinani  :  Manungsa asal saka Rasulollah.
  11. Disatusi                      :  Manungsa asal saka Allah (Gusti)
  12. Disewoni                     :  Manungsa asal saka Kodratollah.

Mungguh dalile     : Ina Lilahi Wammalahi Roji’un.

Tegese                   : Allah  kumpul  kelawan  Allah.               

2ADUS  KRAMAS

Bismillahi Rohmanir Rohiem.

Nawa-etu Usali Pardan jinabati parlan lilahi ta Allah, Allahu Akbar. Niat ingsun adus jinabati ngilangake kukume kadas gedhe, parlu kerasa Allah, Allahu Akbar.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar