Selasa, 12 Oktober 2021

sidikara

Bab : IV. SIDIKARA

1.

Ingsun ngadeg bawana. Buwana tengahing Ngakasa, langit bumi sejatine, tetep madhep wong sabuwana kabeh. Sapa krungu aturku utawa weruh tenagaku, ora obah ora usik. Sukma maling rasa, mesot mabur saka dening rasaningsun. Roh Hilapi jasad ingsun, Allah kang nggegem ingsun. Kun Payakun sabaya ya Payakun mandi pangucapingsun, mandi-mandi-mandi saka batinku sing sekti.

2

SEMEDI  PANGUWASANING  GAIB

Gusti Kang Maha Kuwasa, gumilang tanpa wewayangan. Aku njaluk biyantu saking panguwasane Dat kang Maha Suci, aku tan kena rubeda ya aku sing amisesani sak isen-isene Jagad Raya iki kabeh. Ya aku titah Manungsa Sejati, ya Sejatining Manungsa kang sinanpurna. Urip tan kena pati, wis ora kekurangan ing pangerti, ya wis ora kesamaran ing sawiji-wiji.

Mandi pangucapku, mandi- mandi- mandi saka batinku sing sekti. Byar padhang terawangan ora krasa apa-apa amung Ingsung kang nglimputi ing Alam Kabeh.

3

WIRID  WEJANGAN  ASAL  SAKA  SUNAN KALIJAGA

KANG  ARUPA SAHADAT.

Bismillah Hirokhmanirokhim.

Ashadu tibane rasa, Illaha jatine rasa, Illolah patemone rasa, ya rasa ya Rasul. Mohammad sejatine rasa Mohammad sejati, sejatine Mohammad jasating Urip. Sampurnaning tunggal pancering UripWujud-tollah Kuwasa wujud tunggal. Urip tan kena pati, Dat ingsun ora ana, nanging Ingsun kang ana.

4.

MUNGGUH  WIJINING  NGELMU

Kun-payakun : sejatining Ingsun Dating Kang Maha Suci. Yaiku Gesang kita pribadi, sayektine Ingsun kanggonan rasa Date Kang Maha Agung anglimputi ing sipatingsun, yaiku wujud kita Pribadi. Saknyatane katambahan rasane Dat kang samar lan Elok, amretandhani : Asma yaiku Nama kita Pribadi lan diaku araning Dat kang wisesa, tandane Apengal iku sing bisa mobah lan polah kita pribadi nuduhake nyatane Urip kang sampurna.

Dadi nyata banget Gesang iku anyamadi sipat-sipat, Dat iku olehe nyamadi sipat upamane madu lawan legine.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar