Selasa, 12 Oktober 2021

kabathinan

Bab : VI. ILMU  KEBATINAN

Kebatinan iku dhedhasar anggugah Jagading Kamanungsan supaya nuli nglilir utawa terus tangi gregah nyat ngadeg tengahing Bawana.

Awit Kebatinan iku minangka Keratone Ilmu lan Ngelmu.

1

Sing diarani Ilmu yaiku kang ngatur/nata kahananing Urip kita bisa mobah-polah muna lan muni. Awujud sajroning Trimurti utawa kang dilambangake Wahyu Tri Kahana Loka kang dadi wujud Kraton telu. Sing diarani Ilmu : anane Wirid. Sing diarani Telu-teluning Ngatunggal, tegese : ya Ilmu iki bisa disebut Gaibing Kamanungsan, kang aran Manungsa Sejati uga kena diarani Manungsa bisa duwe daya Gaib kang ditindakake dening Batin kang sekti.

Kena Muna ora kena Muni.

2

Sing diarani Ngelmu, yaiku kang nata hananing kerata-basa, awit Ngelmu iku diarani kratone Kawruh kabeh. Mungguh dununge Kawruh kabeh iku disusun dening Panca-Ndriya kang muni nglairake sakabehing Kabudayan. Banjur Kabudayan iku kang bisa mujudake unen-unen  Makna Rapal ananing Tata-Lair sing gumelar ing Alam Padhang sajrone Jagad Raya iki kabeh.

Dadi sawise trawaca sing diarani Ngelmu kang nglairake sakabehing Kabudayan kang bisa mujudake Tata-Lair :

  1. Anane Agama kang manca-warna.
  2. Anane Makna/Rapal Aji Jaya-Kawijayan, Pengasihan, Adus karmas donga manca-warna lan liya-liyane nganti akeh banget warnane.
  3. Anane Undang-Undang kanggo nata Jagad dumadi lan nata Praja mungguh anane : wates-watese, yaiku Pamarintah antarane Kawulane. Suwalike Kawula marang Negara lan Pamarintahane, utawa maneh anane Negara-negara tangga dianakake pranatan antarane Negara iki lan iku. Umpamane kabeh iku dule Tata-Lair diatur dening Panca-Ndriya. Dadi wus trawaca banget sakabehe Ngelmu lan Kabudayaniku kabeh uga dilimputi dening Batin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar