Sabtu, 23 Oktober 2021

pujine dina pitu

PUJINE DINA PITU
1. Dina Ahad ; 
ya kayu 
ya kayumu, 
nabi Adam kang ndarbemni, lakunya tidak boleh nginang sehari semalam, 
ahad lakune ing surya, 
kang rumeksa sadina 
lawan sawengi, 
malekat limang leksa.
Kuwasane : 
lungguhe ing wulu, 
teguh ora kena winekang, 
lan ora katon.

2. Dina Senen ; 
ya rahmanu 
ya rahima, 
nabi’ullah kang ndarbeni, lakune nyegah iwak sadina sadalu, 
senen uripe ning wulan 
kang rumeksa sadina 
lawan sawengi, 
malekat kawan leksa.
Kuwasane : 
lungguhe ing kulit, 
teguh kang kena binenggang.

3. Dina Selasa ; 
ya maliku 
ya kudusu, 
nabi Isa kang ndarbeni, lakune apasa sadina sadalu selasa uriping lintang 
kang rumeksa sadino 
lawan sawengi, 
malekat tigang leksa.
Kuwasane : 
lungguhe ing bebayu, angumpulake cahya kabeh.

4. Dina Rebo ; 
ya kabiru 
ya muntaha, 
pepitu uripipun 
nabi Ibrahim kang ndarbeni, lakune nyegah toya 
sadina sadalu, 
rebo bumi uripira 
kang rumeksa sadina 
lawan sawengi, 
malekat pitung leksa.
Kuwasane : 
lungguhe ing daging, 
teguh tan kena winangenan.

5. Dina Kemis ; 
ya ngalim 
ya ngalimu, 
wewolu uripipun, 
nabi Idris kang ndarbeni, lakune nyegah uyah 
sadina sedalu, 
kemis dahana uripnya, 
kang rumeksa sadina 
lawan sawengi, 
malekat wolung leksa.
Kuwasane : 
lungguhe ing otot, 
teguh sajege urip.

6. Dina Jumungah ; 
ya kafi 
ya muqni, 
ya enem uripipun, 
nabi Rasul kang ndarbeni, lakune nyegah pangan 
sadina sadalu, 
jumungah lakune barat, 
kang rumeksa sadina 
lawan sawengi, 
malekat leksa.
Kuwasane : 
lungguhe ing bebalung, 
sekti mandraguna.

7. Dina Saptu ; 
ya fatah 
ya rajah, 
sesanga uripipun, 
nabi Iskhak kang ndarbeni, lakune datan mendra, 
sadina sadalu, 
saptu uripe ing toya 
kang rumeksa sadina 
lawan sawengi, 
malekat sangang leksa.
Kuwasane : 
lungguhe ing sumsum, angumpulaken sakehing 
rasa kabeh.

8. Dina pitu 
lakon solan salin, 
mung sadina sawengi salinnya, pan akatah supangate, 
sarta anganggo laku lakunira solan salin, 
puji lan nabirira, 
myang cecegahipun 
apa kajate tinekan, 
lan malati ora kena den langkahi wayangane 
kang maca.

PUJINE BADAN

Pujine Utek : 
” Rasulun Rabbil’alamiin “.
Kuwasane: 
luput tujuh teluh dadi tawar.

Pujine Kuping tengen : 
” Alliyatan ilahu rabbi ‘umum 
Kuwasane 
ngilangake bilahi kabeh.

Pujine Kuping kiwa : 
” Samikna wa ‘atakna guprana karabbasa 
wa’llekal massiir “.
Kuwasane 
ngilangake pakewuh kabeh.

Pujine Sirah : 
” Padaraktum “.
Kuwasane 
nglerebaken kang sarwa galak kabeh.

Pujine netra : 
” Kudusun rabbana 
wa rabbul malaikatu 
wa ruh “.
Kuwasane 
kinaweden dening 
wong lanang wadon .

Pujine napas : 
” Haplil palubuti ngalla yasin 
Kuwasane 
kinasihan wong 
sajagad kabeh.

Pujine Gigir : 
” Nawaitu minal kibari pibigalikad hapika karja “.
Kuwasane 
teguh timbul.

Pujine Otot : 
” Parekun parekanun wa’ljannatun nangimum 
cipta katon cipta ora katon “
Kuwasane 
amurba ora katon.

Pujine Awak kabeh : 
” Inna fatokna iakafakan mubinin ” 
lamun arep malebu ing omah
Kuwasane 
slamet rahayu.

Pujine Ati : 
” Nasrun minallahi 
wa patekun karibun 
wa kasiril mukminin “
Kuwasane 
awake katon gede.

Pujine Amperu : 
” Layastakli panahum “
Kuwasane 
kinawedan dening wong 
tur bagus rupane 
kang muji

Pujine Sikil : 
” Sari mal maruna “
Kuwasane 
ora katon.

Pujine Pepusuh : 
” Fasayakfikahumullahu, wahuwassami’ul ‘aliim “
Kuwasane 
luput senjata tawa.

Pujine Dalamake : 
” Sangan sangun yuhyi wayumitu wahuwa allah lakuli sekkin katdir “
Kuwasane 
betah lumaku lan lumayu.

PUJINE NAFAS PATANG PRAKARA

1. Napas, 
iku tetalining urip, 
iya tetalining ruh, 
rupane ireng, 
plawangane Af’alullah, dununge ing lesan, 
pujine ; ” Laa ilaha ilallaah “, iku sampurnaning 
kulit 
daging.

2. Tanapas, 
iku pamiyarsaning ruh, rupane kuning, 
plawangane Asma’ullah, dununge ing kuping, 
pujine ; ” Allahu… Allahu “, 
iku sampurnaning 
balung lan 
otot.

3. Anpas, 
iku panggonaning ruh, 
rupane ijo, 
plawangane Sifatullah, dununge ing gigir, 
pujine ; ” Allah…Allah “, 
iya iku sampurnaning 
geting lan 
sumsum.

4. Nupus, 
iku paningaling ruh, 
rupane putih, 
plawangane Dzatullah, dununge ing netra, 
pujine ; ” Ya Hu…Ya Hu “, 
iku sampurnaning pangawasa lan 
napsu.

PUJINE NAPSU PATANG PRAKARA

1. Lawwammah, 
iku af’aling urip, 
rupane ireng, 
plawangane cangkem, dununge ing waduk, 
pujine ; ” Ya Hu…Ya Hu “, 
iku sapurnaning 
cipta lan 
ripta.

2. Amarah, 
iku asmaning urip 
rupane kuning, 
plawangane ing kuping, dununge ing jantung, 
pujine ; ” Ilah…Ilah “, 
iku sampurnaning 
sir lan 
angen-angen.

3. Supiyah, 
iku sifating urip 
rupane ijo, 
plawangane ing irung, dununge ing amperu, 
pujine ; ” Imanahu …Imanahu “, iku sampurnaning 
osik lan 
meneng.

4. Muthmainah, 
iku Dzating urip, 
rupane putih, 
plawangane ing mata, dununge ing pepusuh, 
pujine ; ” Hu…Hu…Hu “, 
iku sampurnaning 
budi lan 
rasa.

PUJINE ATI PATANG PRAKARA

1. Ati Sanubari, 
iku wisesaning rasa, 
rupane ireng, 
plawangane kaharullah, dununge alam sulpil, 
pujine ; ” Allahu…Allahu “, 
iku sampurnaning 
pangucap.

2. Ati Maknawi, 
iku purbaning rasa, 
rupane kuning, 
plawangane kamahullah, dununge alam sulbi, 
pujine ; ” Allah…Allah “, 
iku sampurnaning 
pamiyarsa.

3. Ati Siri, 
iku sampurnaning rasa, rupane ijo, 
plawangane jalahullah, dununge alam topek, 
pujine ; ” Hu…Hu…Hu “, 
iku sampurnaning 
pangambu.

4. Ati Pu-at, 
iku sirnaning rasa, 
rupane putih, 
plawangane jamalullah, dununge alam sabit, 
pujine ; ” Annalkaka … annalkaka “, 
iku sampurnaning 
paningal.

PUJI WIJINING MANUNGSA

1. Wadi 
iku rupane abang, 
kadadiyane getih-kita, 
pujine ” Layakrifu ilallaah “

2. Madi 
iku rupane kuning, kadadiyane banyu-kita, 
pujine ” Lamakbuda ilallaah “

3. Mani 
iku rupane ijo, 
kadadiyane penguwasa-kita, pujine ” Lamujuda ilallaah “

4. Manikem 
iku rupane putih, 
kadadiyane cahya-kita, 
pujine ” Layatkuru ilallaah “

PUJINE ANASIRING MANUNGSA

1. Asal Bumi, 
rupane ireng, 
kadadiyane wujud- kita hakikate Dzatira, 
iku dadining kulit daging, pujine…” Waashadu anna Muhammadarasulullaah “

2. Asal Geni, 
rupane kuning, 
kadadiyane nur-kitasifatira iku, dadine otot, balung, pujine…” Ashadualla ilaha illallaah “

3. Asal Angin, 
rupane ijo, 
kadadiyane ilmu-kita af’al iku, dadining panguwasa, 
pujine…” Lasariikalaahu lailaha illallaah ”

4. Asal Banyu, 
rupane putih, 
kadadiyane suhud-kita, hakekate asmanira, 
iku dadining geting lan sumsum, 
pujine…” Sahitna ‘ala anpusina wa sbit ‘indana innahu lailahaillahuwa ”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar