Selasa, 12 Oktober 2021

gelaring jagad dumadi

Bab : III. GELARING  JAGAD  DUMADI

1

Sejatine ora ana apa-apa, wiwit duk maksih awang-uwung nguwung durung ana sawiji-wiji lan durung ana Jagad gumelar, kang ana dhingin iku Ingsun. Sejatine kang aran Pangeran iku wujud Ingsun. Sejatine Dat ingkang Maha Suci ingkang ngelimputi ing sipat Ingsun.

Hanane Asma ingkang angandika : Dat ingkang Maha Suci iku ya Gesang kita pribadi karana Ingsun tinitahake saka Anak Adam lan Kawa. Saka Sir patang perkara yaiku saka : Bumi, Geni, Angin lan Banyu, yaiku kawujudan Ingsun. Ing kono Ingsun dianjingi Mudah limang prakara, yaiku : Nur, Rasa, Roh, Budi lan Mapsu. Yaiku warananing wujudingsun banjur anane kang Agama Suci.

2

Ingsun anekseni ing Datingsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran nanging Ingsun. Lan Ingsun anekseni satuhune Mohammad iku Utusan Ingsun. Yaiku sejatine kang aran Allah iku badaningsun. Rasul iku rasaningsun, Mohammad iku Cahyaningsun. Ya Ingsun urip tan kena pati, ya Ingsun Eling tan kena ing lali, ya Ingsun kang langgeng tan kenaning owah-gingsir ing kahanan jati. Ya Ingsun kang waskitha, ora kesamaran ing sawiji-wiji, ya Ingsun kang amurba-amisesa, kang wicaksana wis ora kekurangan ing pangerti. Kang amisesani ing Alam kabeh ananing Jagad Dumadi. Byar sampurna padhang terawangan ora krasa apa-apa, amung Insun kang ngelimputi ing Alam kabeh kelawan Kodrad Ingsun.

SIDIKARA

3.

Pamuja ana pamujaningsun sawiji. Date ya DatingsunSipate ya Sipatingsun, Asmane ya AsmaningsunApengale ya Apengalingsun. Ingsun puja saka patemone tunggal, saka ananingsun sampurna saka ing kuratingsun. Ya Ingsun Manungsa sejati, tetep langgeng tan kenaning owah-gingsir ing kahanan jati. Urip tan kena pati. Byar padhang sampurna, padhang terawangan ora krasa apa-apa.

4.

Ingsun anyebut Asmaning Dat ingkang Maha Suci. Kang Kawasa, kang Angandika : Hanane Gusti, hanane titahing Kawula.

Ingsun anekseni ing Datingsun dhewe. Ingsun ajalining Dating Gusti Kang Maha Suci lan ingsun anekseni ingsun kang aran Mohammad iku dadi utusan Ingsun. Rahman lan Salam panutan Ingsun, yaiku Nur Mohammad waranane teken Ingsun, kang padhang amadhangi ing Jagad sajeroning pepadhang.

Hanane Dat, Sipat, Asma lan Apengal, ya warananingsun kang den arani Pangeran sanyata. Ya araning Manungsa Sejati, ya kawujudan Ingsun. Kanggonan Kitab (Layang) Pancering Urip lan Mancawarna, yaiku wujuding kanggonan Tulis Tanpa papan Kasunyatan.

Hananing Trimurti/Triloka Bawana sing diarani telu-teluning ngatunggal yaiku Jagad tetelu kang nyawiji, tegese : manunggal karepe sajrone telu-teluning Jagad iku mau diatur kahanane : “SASTRA JENDRA WAHYUNING RAD”

Ya Ingsun jumeneng Manungsa sejati kang sinampurna urip tan kena pati, langgeng tan kenaning owah gingsir ing kahanan jati. Waskitha uripku, mandi ing pangucapku, dadi saciptaku wis ora kekurangan ing pangerti lan wis ora kasamaran ing sawiji-wiji.

          Sir Kumaya Dat Katon sak Sirku “Kun Payakun”.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar